Titi Mangsa
Kaanggit dening Reni Sularsih, S.Pd
Wekdal rendheng, Yayi.
Pun Kangmas atur pisungsung.
Gemi, nastiti, ngati-atia ana jagad padhang iki.
Mugia sliramu karaharjan ing samubarang kalir.
Bregas, waras, krasan lan kuwarasan.
Ampun den lena, Yayi.
Kedah dados jalma sing manfangati kanggo sapada-pada.
Nganti tumapak ing sedya, sumarak ing ngarsa Kang Murbeng Dumadi.
Ungaran,
tabuh 20.09
23 Oktober 2020.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar